B. Daerah

Pertanyaan

cerkak basa jawa 500 kata

1 Jawaban

  • Cerkak Gusti maha welasz

    Wektune wis kira-kira jam wolu esuk. Anggota perangkat desa ing Desa Sumbermulya wis padha teka, apa maneh dina iku bakal ana rapat ruwat bumi sing bakal dianakake suk sasi ngarep. Tradisi ruwat bumi iku dianakake pendak telung tahun sepisan. Warga kirap mubeng desa ngarak wulu wetuning desa kono kanthi dientha-entha gunungan. Bubar iku sing uwis, njur diterusake tontonan, sing paragane ya warga kono wae, kanthi mentaske budaya seni sing wis padha disiapake. Mengko minangka panutup wayangan sewengi natas ing bale desa.

    Pak lurah gumun, dene Pak Wiro sing tukang reresik bale, nata meja kursi sing arep kanggo rapat kok malah ora mlebu. Gek ana apa? Mangka adat saben, Pak Wiro tukang kebon kuwi teka mesthi gasik, gaweyan sing dadi jejibahane ditandangi sak-sek, sedhela wae wis rampung njur ganti nandangi gaweyan liyane. Mula bareng perangkat desa wis pepak, lan rapat arep diwiwiti, pak lurah medal neng pawon nggoleki bu lurah njur ngendika :

    ?Bu, nek pawon wis akeh sing rewang nandangi kanggo nyunggata sing rapat, mbok kana neng omahe Pak Wiro ditiliki, geneya kok ora teka nyambut gawe?? Bu lurah sumaguh, lan terus tindak neng nggone Pak Wiro.

    Tekan kana omahe tinemu tutupan suwung. Gek dha menyang ngendi? Anake Pak Wiro mono lanang wadon, Diran lan Marti. Diran wis ana STM klas II Mesin, dene Marti lagi klas III SMP wis arep ujian. Bocah loro kuwi padha maju sekolahe, ora tau nunggak. Mulih sekolah ya dha ngerti ngrewangi gaweyan wong tuwa. Yen libur Diran kerep nggenteni bapakne, gaweyan reresik kebon lan nata bale sawise bubar kantor. Ora mokal yen pak lurah sakulawarga remen karo anak-anake Pak Wiro sing padha sregep lan nurut kuwi.

    Bu lurah pirsa omahe Pak Wiro tutupan, njur tindak neng omah wetane nggone Mbokdhe Kromo, sing kebeneran wonge lagi reresik sumur. Nuli ngendikane :

    ?Mbok Kromo!, griyane Pak Wiro niku kok tutupan, tiyange sami teng pundi ?? Mbok Kromo ndengengek karo nyedhak mangsuli :

    ?O? Bu Lurah, anu Bu, Pak Wiro niku ngeterke Mbok Wiro teng Puskesmas, empun tigang dinten sambat mumet, malah wingi nggih empun kulo keroki. Criyose Pak Wiro, wau dalu mboten saget tilem gek badane criyose benter sanget. Mila wau mruput diboncengke sepeda dibekta teng Puskesmas.? Bu lurah manthuk-manthuk karo ngendika :

    ?O…. ngoten ta Mbok Kromo, nuwun nggih disukani sumerep, mangkeh kula aturne Pak Lurah?.

    Bubar ngendika ngono bu lurah banjur kondur. Esuke Pak Wiro wis nyambut gawe kasya adate, dene pak lurah sawise dilapuri garwane, ya ora ndangu apa-apa karo Pak Wiro. Ning sorebne pak lurah sekalihan merlokke tilik neng omahe Pak Wiro, ngaruhke bojone sing jare lara.

    Tenan, tekan ngomahe Pak Wiro kabeh ngumpul nunggoni sing lara. Pak lurah sekalihan uga banjur mlebu neng senthong peturone Mbok Wiro. Nalika wis tekan ngarep lawang, ndadak keprungu lagi padha sembahyang Pak Wiro sing mbawa. Pak lurah kandheg ora sida mlebu supaya ora ngganggu.

    Panjenengane pirsa, yen Pak Wiro sabrayat wong sing tumemen ngibadahe, sregep neng nggreja, uripe neng masyarakat apik, lan tinresnan ing tangga teparo, tansah pinter momong sok sopoa, lan ora tau gawe rugi lan serik ing liyan. Bareng wis sepi tandha rampung anggone padha sembahyang, pak lurah sekalihan banjur alon-alon mlebu nuli ngendikane :

    ?Piye Mbok Wiro, laramu??

    ?O Pak… Bu…. Lurah, matur nuwun dipun rawuhi, sakit kul…. kula sam….. sampun kath…… kathah sud……. sudanipun…….? Wangsulane pedhot-pedhot, Pak Wiro sambung atur :

    ?Ngendikanipun Dokter, Pak Lurah, semah kula punika namung kekathahen mikir.?

    ?O….. mikir apa ta Mbok Wiro?? pandhangune pak lurah alon-alon.

    ?Anu Pak Lurah…. dhenok Marti punika wingi criyos, yen piyambakipun mboten kepareng ndherek ujian dhening guru klasipun, awit…. awit…..? Mbok Wiro ora bisa nerusake matur, ning njur brebel……. mripate kekembeng luh. Semono ugo Marti sing nyanthuk nunggoni njur melu prembik-prembik nrocos mripate. Pak lurah lan garwane saya kepingin banget ngerti sebabe. Nuli ngendikane bu lurah

Pertanyaan Lainnya