B. Daerah

Pertanyaan

Gara-gara ora nggugu wongtuwa Dening : Indah Kurniawati Agus iku satemene bocah pinter lan manut marang wongtuwane. Nanging kadhang kala ya dadi ora nggugu wong tuwa amarga prakara sepele. Kaya dina kuwi, Agus kepengin banget dolanan montor-montoran sing nganggo remot. Agus wus matur marang ibune supaya dipundhutake ing tokone Pak Wardi.Nanging ibune nyemayani sesuke amarga ing kalodhangan iku lagi ora kagungan arta. “Sesuk Bapak lak kondur saka dhines luar. Mesthi ngasta oleh-oleh lan arta ora ketang sethithik. Ibu dak nyuwun Bapak arta kanggo numbaske Agus dolanan montor-montoran, nggih?,” ujare Ibu. Ibu ngendikan ngono kuwi sajane kanggo mulang putra tunggale iku supaya ajar sabar. Apa- apa kang dadi panjalukane ora kudu dituruti sakkal kuwi. Sajane Ibu ya kagungan arta, nanging ya kuwi mau. Piyambake ndidik Agus supaya bisa ajar lan mudheng kahanane wongtuwane. Biyasane Agus dikandhani pisan ngono langsung mudheng lan manut. Nanging embuh dina kuwi ana apa, Agus malah dadi rewel lan njegot. Nalika diakon maem, ora semaur, milih meneng wae.Ulate njegadul terus nganti alise sakloron arep gathuk. Rupane mbesengut lan milih neng njero kamar terus. Ibune ngelus dhadha nyawang putra kinasihe iku.Sajane bisa wae sanalika kuwi banjur ditukokake pepenginane Agus.Nanging piye maneh.Mau wus kebacut ngendika supaya Agus ngenteni sarawuhe Bapak sesuk, lagi dipundhutake dolanan montor-montoran. Ora suwe, seng omahe Agus pathing kemlothak ketibanan banyu udan saka langit. Agus sing maune ana njero kamar age-age metu. Saka cendhela omahe katon yen udane rada deres. Ya saka cendhela kuwi, Agus uga weruh Doni lan Joko, tanggane, padha udan-udan keceh banyu ing njaba sinambi bal-balan. Agus dadi kepengin melu dolanan ing njaba. “Agus…boten pareng udan-udan lho nggih.Mengko mundhak masuk angin”. Ibu kayane wus pirsa apa sing ana ing njero atine Agus. Krungu ngandikane Ibune, Agus sansaya tambah mbesengut.Apa-apa ora oleh.Njaluk dolanan montor-montoran ora ditumbaske.Saiki arep nyeneng-nyenengke atine dhewe kanthi udan-udan bareng kancane, ya ora oleh. “Ibu iki karepe piye ta”.Agus nggrundel ing batin.Dheweke amung bisa nyawang kancane mau dolanan sajak gayeng ing njaban omah.Awake padha kebes, nanging senenge ora karuwan. Saya suwe nyawang, Agus saya ora tahan.Ndilalah wae nalika ditoleh, Ibune ora katon.Sajake Ibu nembe mangsak ing pawon. Agus age-age ucul klambi.Kathokan thok, Agus banjur mlayu metu, nggabung kanca-kancane bal-balan ing njaba sinambi udan-udan.Agus seneng banget.Atine bungah.Rasane mardika banget.Sekali-kali ora ngrungokake ature Ibune. “Aguuuss…..piye ta Le!Dikandhani aja udan-udan kok ora manut. Ayo gek ndang mlebu omah!”.Ibune mbengoki saka njero omah.Kayane Ibu mau weruh ana klambine Agus gumlethak ing jobin, nanging Aguse dhewe ora ana. “Riyin Buuuu….”.Semaure Agus saka kadohan. Ibune isih sabar. Nanging udakara 10 menit dienteni, Agus tetep durung gelem leren sing udan-udan. Ibune wiwit kuwatir yen kesuwen sing udan-udan mengko Agus dadi masuk angin. Mula Ibu banjur nyigrakake payung lan marani Agus ing njaba. “Ayo Agus. Wis leren.Gek ndang mlebu omah. Manut Ibu”. “Riyin Bu. Sekedhap malih”. “Ora bisa. Mengko kowe ndhak masuk angin, Ibu sing susah”. Ibu banjur nglarak tangane Agus, digeret ngarah mlebu omah.Tekan njero omah, Agus didukani Ibune amarga ora nggugu. “Wis saiki ayo dak pakpungi, gek salin klambi sing anget. Kowe lak ya durung maem barang ta?”.Agus amung meneng wae.Dheweke ora wani nyauri apa-apa. Nanging sarampunge adus lan klamben, nalika arep didulang maem, Agus tetep wae wegah maem. “Agus langsung bobok mawon Bu. Agus kesel”.Agus banjur mlebu kamare.Ibune amung ngunjal ambegan dhawa nyawang anake. *** “Ibu…Ibuuu…..”.Agus dumadakan mbengoki Ibune saka njero kamar. Ibune sing nembe ing mburi age-age ninggal isah-isahane lan setengah mlayu nuju kamare Agus. “Ana apa Le”. “Anu Bu….awak kula mboten penak banget,” Agus sambat ngrasakake awake sing ora nggenah. Ibune banjur ndemok bathuke.Rada panas. Tangan lan sikile diusap-usap, ya rada panas. Dene Agus turune njingkrung kemulan brukut sajak kadhemen kae. “Wooooo..genah iki Agus masuk angin. Piye, tenan ta ngendikane Ibu mau.Ya ngene iki undur- undurane yen ora manut marang wongtuwa. Saiki lak Agus ngrasakake dhewe ta akibate?”. “Nggih Bu. Nyuwun pangapunten Bu. Agus pancen salah, mboten manut Ibu.Boten kula baleni malih Bu”. “Ya wis. Ayo saiki dak keroki sedhela, mengko gek maem dhisik banjur ngombe obat.Bubar kuwi mapan turu maneh,” ujare Ibu. Apa sinopsis dari cerkak tersebut??

1 Jawaban

Pertanyaan Lainnya